Khutbah Jumat Bahasa Jawa Tentang Nabi Ibrahim

Contoh materi khutbah Jumat bahasa Jawa tentang keluarga Nabi Ibrahim


الْحَمْدُ للهِ الَّذِيْ إِيَّاهُ نَعْبُدُ وَلَهُ نُصَلِّى وَنَسْجُدُ وَإِلَيْهِ نَسْعَى وَنَحْفِدُ، نَرْجُوْ رَحْمَتَهُ وَنَخْشَى عَذَابَهُ إِنَّ عَذَابَهُ الْجِدَّ بِالْكُفَّارِ مُلْحَقٌ. أَشْهَدُ أن لاَّ إِلَهَ إِلاًّ اللهُ وَحْدَهُ لاَشَرِيْكَ لَهُ وأَشْهَدُ أنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اللهم صَلِّ وسَلِّمْ عَلَى سيدنا محمد وَعَلىَ آلِهِ وَأصْحَابِهِ وَمَنْ وَالاَهُ.أما بعد، أيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمْ وَاخْشَوْا يَوْمًا لاَ يَجْزِي وَالِدٌ عَنْ وَلَدِهِ وَلاَ مَوْلُودٌ هُوَ جَازٍ عَنْ وَالِدِهِ شَيْئًا إِنَّ وَعْدَ اللهِ حَقٌّ فَلاَ تَغُرَّنَّكُمُ الْحَيَاةُ الدُّنْيَا وَلاَ يَغُرَّنَّكُمْ بِاللهِ الْغَرُورُ 

Ma_’asyiral Muslimin Jamaah  jum’_ah rohimakumulloh,, 

Minongko purwokaning atur monggo kita sesarengan ngunjukaken syukur dateng ngarso dalem Allah, awit peparing kanugrahan lan nikmat ingkang tanpo kawical wical, langkung langkung rohmat kawilujengan lan yuswo panjang dateng kito sedoyo, sahinggo siang puniko kito tasih saget menangi malih dinten jum’ah, lan saget makempal ing masjid puniko kanti tanpo manggih rubedo satunggal punopo. Amin ya robbal alamin.  

Saklajengipun keparenga kula ngajak dateng awak soho keluargo kulo piyambak lan panjenengan sedoyo, monggo tansah sami sesarengan berikhtiyar netepi taqwa lan ajrih dateng Allah swt. ing sakdengah kawontenan, sami ugi wonten ing kawontenan bingah utawi susah, longgar jembar utawi rupeg, kawontenan rame utawi sepi, terang terangan utawi sesideman,  kanthi tansah  nindakaken perintah lan nebihi sedoyo cegah lan awisanipun Allah, supados kita tansah pinaringan kabegjan  dunyo ngantos akhirat saking ngarsodalem Allah Subhanahu wa Ta’ala ,  Kados dawuhipun Allah : 

إِنَّ اللَّهَ مَعَ الَّذِينَ اتَّقَوْا وَالَّذِينَ هُمْ مُحْسِنُونَ                                                                       

Temenan Allah iku tansah anyertani wong kang pada taqwo lan wong wong kang pada agawe becik” . (QS. An Nahl :128).  

Ma_’asyiral Muslimin Jamaah  jum’_ah rohimakumulloh,, 

Wekdal puniko kita taksih wonten ing nuansa bulan zhulhijah inggih nuansa wulan riyoyo khaji, sakwetawis monggo kita mendet ibrah saking kisahipun kluarga Nabi Ibrahim ‘Alaihissalam.  

Pangorbanan ageng saking Nabiyullah Ibrahim Alaihissalam kados ingkang kasebat ing Al-Qur’an, punika mboten namung sekedar minangka sejarah lan carios kemawon, ananging dados tulada tumrap kito sedoyo. Nalika panjenenganipun pinaringan pacoban dening Allah, supados nyembelih putronipun inggih Nabi Ismail Alaihissalam, dawuh kasebat katampi kanti sabar  lan ridlo, soho katindakaken kanthi ikhlas murih karidan saking ngarso dalem Allah. 

Ma_’asyiral Muslimin Jamaah  jum’_ah rohimakumulloh,, 

Mangga sak wetawis kita gatosaken menggah ingkang putra, pun Nabi Ismail Alaihissalam, Panjenenganipun ngrupekaken patuladan ingkang kedah dipun damel kiblat dening para putra remaja lan pemuda. Panjenenganipun satunggaling putro ingkang sholih lan bektos dateng tiyang sepuh. Kanti sabar lan ridlo nampi qadlo ipun Allah, sahinggo ikhlas lilo legowo berqurban nyembadani dawuhipun ingkang romo, sinaosokedah nyowo ingkang namung setunggal setunggalipun ingkang kedah dipun qurbanaken. Nabi Ismail tanpo suwolo, kanti tawakkal lan tatag manahipun matur dateng ingkang romo:  

قَالَ يَا أَبَتِ افْعَلْ مَا تُؤْمَرُ سَتَجِدُنِي إِنْ شَاءَ اللهُ مِنْ الصَّابِرِينَ  

“Duh Kanjeng Romo, sumonggo kawulo aturi enggal nindakaken menopo ingkang kadawuhaken dumateng Romo, Insya Allah Romo bade manggihaken kawulo kalebet golonganipun tiyang tiyang ingkang sami sabar_”__(Ash Shaffat 102)_ 

Inggih wujudipun putra ingkang setya tuhu mbangun miturut dateng tiyang sepuh, ikhlas lan ridlo labuh labet dateng agami, nadyan kedah ngorbanaken jiwa. Ngaten punika, ingkang kawastanan putra ingkang sholih, ingkang dados kekudanganipun saben saben tiyang sepuh. Putro ingkang mekaten kedah kadamel conto tumrap poro putro remaja lan pemuda, minongko putro lan generasi ingkang sholih lan sholihat. Lajeng wonten pitakenan tumrap kito sedoyo inggih puniko 

Punopo ketulusan lan ketaatanipun Nabi Ismail Alaihissalam, netepi perintah Agami lan tiyang sepuh, sampun kapraktekkaken tumrap para pemuda ing zaman puniko? Inggih Alloh lan diri pribadi kito ingkang langkung mangertosi. 

Ma_’asyiral Muslimin Jamaah  jum’_ah rohimakumulloh,, 

Mbok bilih inggih namung  kanti pangorbanan ingkang ageng, kabahagyianing gesang puniko bade saget dipun gayuh, kasebat ing setunggaling pangandikan ingkang mengku hikmah: 

لَنْ تنُاَلَ الْعِزَّةُ إِلاَّ بِمُرُوْرِ الْبَلِيَّةِ                  

“ora bakal kagayuh kamulyan, kejaba kanti ngliwati sengsoroning pangurbanan_”_ 

Ananging poro rawuh, pangorbanan punika kedah kanti linandesan keyakinan iman lan i_’_tikad ingkang kiyat, jalaran pangorbanan ingkang tanpo kadasaraken dateng keimanan tentu namung bade siyo-siyo  muspro tanpo tonjo.  

Allah sampun paring dawuh : 

وَمَا أَمْوَالُكُمْ وَلا أَوْلادُكُمْ بِالَّتِي تُقَرِّبُكُمْ عِنْدَنَا زُلْفَى إِلاَّ مَنْ آمَنَ وَعَمِلَ صَالِحاً فَأُوْلَئِكَ لَهُمْ جَزَاءُ الضِّعْفِ بِمَا عَمِلُوا وَهُمْ فِي الْغُرُفَاتِ آمِنُونَ 

“Dudu bondo bondo lan anak anak iro kabeh kang biso nyaketake sira marang Ingsun senajan sithik wae, kejaba wong kang iman lan ngamal sholih,  iya  wong wong kang kaya mengkono iku kang bakal merkoleh piwales kang tikel-matikel, sebab olehe pada ngamal wong wong mahu, lan wong-wong mahu bakal sentosa ing panggonan kang luhur_”_ 

(As Saba_’_ 37). 

Ma_’asyiral Muslimin Jamaah  jum’_ah rohimakumulloh,, 

Panjenenganipun Nabi Ibrahim As.  minongko jejering tiyang sepuh, ingkang wicaksono lan wibowo, ugi to’at lan patuh dateng gerso dalem Alloh swt,, kanti ikhlas lan ridlo mundi dawuhipun Allah, sinaoso kedah ngorbanaken putra. Nabi Ibrahim setyo dateng garwo, lan tresno dateng putro, tabah lan tawakkal nampi kasunyatan pacobanipun Allah. 

Ismail minongko putro ingkang sholih, to’at ngestokaken dawuhipun Allah  Pangeranipun, bektos lan mbangun miturut dateng tiyang sepuh. 

Lajeng wonten pitakenan punopo rahasia kesuksesan Nabi Ibrahim As, ingkang saget ndidik Putranipun Ismail,  ingkang setio tuhu, menawi kito maos Al-Qur’an kito bade manggihi kunci suksesipun: 

1. Do’a ingkng tansah dipun panjataken Nabi Ibrahim 

رَبِّ هَبْ لِي مِنَ الصَّالِحِينَ 

“Ya Alloh karuniaken dumateng kulo keturunan ingkang shalih” (As-shofat;100) 

Do’a  kolo wau dipun panjataken Nabi Ibrahim As. tebeh sak derengipun nikah, beliau nyuwun dumateng Allah Anak ingkang shalih, mboten nyuwun anak ingkang sugih, berpangkat, dados pejabat, dados cendikiawan ananging nyuwun anak ingkang sholih.

Sahinggo dumateng poro sederek kita ingkang cerak dateng usia pernikahan monggo nyuwun dumateng Alloh kados do’a nipun nabi Ibrahim kolo wau, lajeng dumateng  pasangan suami istri ingkang istrinipun nembe hamil katah-katahaken nyuwun dateng ngerso salem Allah SWT. anak ingkang Sholih, Mangertoso poro rawuh  bilih do’a anak sholih puniko gadahi manfaat engkang ageng kagem tiang sepuhipun benjang ing alam kubur. Sahinggo mugi keparingn putra ingkang kados Nabi Ismail As. Amin Ya robbal alamain. Rasulullah bersabda:  

بِرُّوْا آبَاءَكُمْ تَبِرُّكُمْ أبْنَاؤُكُمْ (الطبرانى عن ابن عمر) 

“Berbaktilah kepada orang tuamu niscaya anakmu akan berbakti kepadamu” (HR Tobroni saking Ibnu Umar RAnhuma) 

  1. Kepedulian Nabi Ibrahim as dateng  pendidikan anak-anakipun 

Dalam al-Quran diceritakan: 

وَإِذْ قَالَ إِبْرَاهِيمُ رَبِّ اجْعَلْ هَذَا الْبَلَدَ آمِنًا وَاجْنُبْنِي وَبَنِيَّ أَن نَّعْبُدَ الأَصْنَامَ 

“Dan (ingatlah), ketika Ibrahim berkata: “Ya Tuhanku, jadikanlah negeri ini (Mekah), negeri yang aman, dan jauhkanlah aku beserta anak cucuku daripada menyembah berhala-berhala”. (QS.Ibrohim ;35) 

وَوَصَّى بِهَا إِبْرَاهِيمُ بَنِيهِ وَيَعْقُوبُ يَا بَنِيَّ إِنَّ اللَّهَ اصْطَفَى لَكُمُ الدِّينَ فَلاَ تَمُوتُنَّ إَلاَّ وَأَنتُم مُّسْلِمُونَ 

“Dan Ibrahim telah mewasiatkan ucapan itu kepada anak-anaknya, demikian pula Ya’qub. (Ibrahim berkata): “Hai anak-anakku! Sesungguhnya Allah telah memilih agama ini bagimu, maka janganlah kamu mati kecuali dalam memeluk agama Islam”. (QS.Al-baqoqoh 132) 

Ayat-ayat kolo wau paring bukti bilih perhatianipun Nabi Ibrahim As dumateng pendidikan anak-anakipun, beliau mboten lilo menawi putranipun bodo, utawi wonten jalur pendidikan ingkang klintu. Ampun ngantos jalaran ekonomi  utawi  alasan2  pekerjaan  kito mengabaikan pendidikan Anak. 

Nopo putro wayah sampun ngamalaken ajaran Agami? Nopo sampun, tiang sepuh paring tulodo ingkang sae tumrap putro putrinipun?  Menawi dereng bersiaplah nampi pacoban Allah kanti dalan Putro purinipun piyambak-piyambak. 

Kedah kulo panjenengan mangertosi bilih pendidikan ingkang sepindah lan utami inggih puniko pendidikan Agami, lajeng pendidikan pendukungipun inggih puniko pendidikan umum. 

3. Kepedulian Ibrahim dumateng kesejahteraan anak lan keluarga 

Nabi Ibrahim as  puniko sosok seorang bapak ingkang sae, lan suami bertanggung jawab. Demi membahagiakan keluarganipun, Nabi Ibrahim as rela merantau ribuan kilometer dari Palestina ke Mesir, lan meniko dipun tindakkaken berkali-kali sinaoso kondisi alam ingkang tandus lan panas. Kados diungkapaken wonten doa Nabi Ibrahim as:  

رَّبَّنَا إِنِّي أَسْكَنتُ مِن ذُرِّيَّتِي بِوَادٍ غَيْرِ ذِي زَرْعٍ عِندَ بَيْتِكَ الْمُحَرَّمِ رَبَّنَا لِيُقِيمُواْ الصَّلاَةَ فَاجْعَلْ أَفْئِدَةً مِّنَ النَّاسِ تَهْوِي إِلَيْهِمْ وَارْزُقْهُم مِّنَ الثَّمَرَاتِ لَعَلَّهُمْ يَشْكُرُونَ (إبراهيم 37) 

“Ya Tuhan kami, sesungguhnya aku telah menempatkan sebahagian keturunanku di lembah yang tidak mempunyai tanam-tanaman di dekat rumah Engkau (Baitullah) yang dihormati, ya Tuhan kami (yang demikian itu) agar mereka mendirikan shalat, maka jadikanlah hati sebagian manusia cenderung kepada mereka dan beri rezkilah mereka dari buah-buahan, mudah-mudahan mereka bersyukur”. (QS.Ibrohim;37) 

Rasulullah menyatakan bilih tiang ingkang kerja keras kagem ngais rizki ingkang halal kagem keluarga, dipun nilai Allah dados shodaqah ingkang inggil, bahwa seseorang yang bekerja keras guna mencari rizki yang halal untuk keluarga, dinilai oleh Allah sebagai sodaqah yang tertinggi. 

Dalam hadis beliau bersabda: 

وَدِينَارٌ أنْفَقْتَهُ عَلَى أهْلِكَ ، أعْظَمُهَا أجْراً الَّذِي أنْفَقْتَهُ عَلَى أهْلِكَ . رواه مسلم .995 

“Satu dinar dari harta yang engkau nafkahkan untuk keluargamu merupakan pahala yang paling besar di sisi Allah” (HR.Muslim) 

Kito sedoyo selaku kaum muslimin ampun ngantos putus asa, kosok wangsulipun  kito kedah bangkit, singsingkan lengan, kagem natap hari esok kanti penuh optimisme lan harapan ingkang langkung sae. Ampun kito supe dateng dawuhipun Allah: 

فَإِنَّ مَعَ الْعُسْرِ يُسْرًا (5) إِنَّ مَعَ الْعُسْرِ يُسْرًا (6) فَإِذَا فَرَغْتَ فَانصَبْ (7) وَإِلَى رَبِّكَ فَارْغَبْ (8) 

(5) Karena sesungguhnya sesudah kesulitan itu ada kemudahan, (6). sesungguhnya sesudah kesulitan itu ada kemudahan, (7) Maka apabila kamu telah selesai (dari sesuatu urusan), kerjakanlah dengan sungguh-sungguh.(QS.Alam Nashroh;5-8) 

Menawi kita sedaya, Bapak, Ibu lan putra saget ngalap piwucal lan tulada dateng keluarga Nabi Ibrohim AS.punika, Insya Allah kita sedoyo ugi bade kaparingan rahmat lan maghfirah saking ngarsodalem Allah Subhanahu wa Ta_’_ala.  Mugi mugi Allah tansah midanget lan ngijabahi dungo panyuwun kito, andadosaken keluarga ingkang sakinah manggih kabegjan   dunya ngantos akhirat. Amin ya robbal alamin. 

أعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطنِ الرَّجِيْمِ . بِسْمِ اللهِ الرَّحْمنِ الرَّحِيمِ

قُلْ صَدَقَ اللَّهُ ۗ فَاتَّبِعُوا مِلَّةَ إِبْرَاهِيمَ حَنِيفًا وَمَا كَانَ مِنَ الْمُشْرِكِينَ

إِنَّ أَوَّلَ بَيْتٍ وُضِعَ لِلنَّاسِ لَلَّذِي بِبَكَّةَ مُبَارَكًا وَهُدًى لِلْعَالَمِينَ

فِيهِ آيَاتٌ بَيِّنَاتٌ مَقَامُ إِبْرَاهِيمَ ۖ وَمَنْ دَخَلَهُ كَانَ آمِنًا ۗ وَلِلَّهِ عَلَى النَّاسِ حِجُّ الْبَيْتِ مَنِ اسْتَطَاعَ إِلَيْهِ سَبِيلًا ۚ وَمَنْ كَفَرَ فَإِنَّ اللَّهَ غَنِيٌّ عَنِ الْعَالَمِينَ 

بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ ونفعني وإياكم بما فيه من الآيات والذكر الحكيم وَتَقَبَّلْ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاوَتَهُ اِنّهُ هُوَ السَّمِيْعُ اْلعَلِيْمُ فاستغفروا الله العظيم إنه هو الغفور الرحيم                          

Khotbah 2 

اَلْحَمْدُ للهِ عَلىَ اِحْسَانِهِ وَالشُّكْرُ لَهُ عَلىَ تَوْفِيْقِهِ وَاِمْتِنَانِهِ. وَاَشْهَدُ اَنْ لاَ اِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَاَشْهَدُ اَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِى اِلىَ رِضْوَانِهِ. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَِعَلَى اَلِهِ وَاَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كَِثيْرًااَمَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوااللهَ فِيْمَا اَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَىوَاعْلَمُوْا اَنَّ اللهّ اَمَرَكُمْ بِاَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَى بِمَلآ ئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ وَقَالَ تَعاَلَى اِنَّ اللهَ وَمَلآ ئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلِّمْ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ وَارْضَ اللّهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ اَبِى بَكْرٍوَعُمَروَعُثْمَان وَعَلِى وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَىيَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا اَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَاَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اللهُمَّ اَعِزَّ اْلاِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ اَعْدَاءَالدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ اِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ. اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَاوَاِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ. عِبَادَاللهِ ! اِنَّ اللهَ يَأْمُرُنَا بِاْلعَدْلِ وَاْلاِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِى اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوااللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ اَكْبَرْ 

ثم السلام عليكم ورحمة الله وبركاته

Jawaban Ayat Perang Dalam Al-Qur'an
Ditulis oleh Izzul Islam pada tanggal 8 July 2022

Baca juga